Sugeng
karaharjan saha karahyon dumateng kula lan panjenengan sedaya.
Panjenenganipun Ibu Kepala SMP N 1 Kalasan ingkang tuhu dahat kinumartan.
Panjenenganipun Bapak/Ibu guru ingkang tuhu minulya ing budi.
Bapak/Ibu wali kelas IX ingkang tuhu kula urmati.
Kanca - kanca kelas IX ingkang kula tresnani
Langkung rumiyin, sumangga panjenengan sedaya kawula dherekaken
ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Mahakuwaos, ingkang
sampun paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sedaya, katitik wonten
ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya sesarengan wonten ing papan
punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan punapa.
Para rawuh sedaya ingkang tuhu bahagia mulya kula minangka wakil saking
kelas IX ngaturaken pangapunten bilih kula lan kanca kanca kelas IX kathah
kalepatan wonten ngarsanipun bapak/ibu guru lan kanca sedaya, lan kula badhe
nyuwun pangestu mugi mugi kula lan kanca kanca kelas IX saget lulus kanthi
hasil ingkang ngremenaken.
Dhumateng bapak/ibu guru , kawula ngaturaken panuwun sanget amargi
bapak/ibu guru sampun maringi kula lan kanca kanca ilmu, lan sabar anggenipun
maringi piwulang dhumateng kula lan sedaya. Kangge adik adik kelas VII lan VIII
kula pesen supados sregep sinau lan ngurmati bapak/ibu guru.
Cekap semanten atur kawula minangka wakil kelas IX. Bilih wonten pinanggih
kalepatan ing basa, kawula nyuwun pangapunten. Matur nuwun
Nama : Yusup Deriawan
No : 32
Kelas : IX A
Tidak ada komentar:
Posting Komentar